Hai awak badan ruh lan pikiran.
Urip iku kudu upoyo ojo mung ngersulo.
Ngelingi sakbendino umur iku anane mung sudo.
Ora tambah enom tapi tambah tuwo.
Urip pisan gaweo kelakuan becik ngedohi sing ollo.
Ojo mung buru nafsu dunyo sing kedowo dowo.
Kerjo sing seneng ayem tentrem ngudi upo.
Ojo leno mung dupeh enek rondo.
Opo maneh rondo sing anake limo , ora seneng malah rekoso.
Dadi wong nom kudu sumringah bungah .
Dadi wong tua sing adil bijaksana ojo karep menange dewe
Bondo warisan ojo di gae gong gongan .
Makaryo sing lumrah kabeh di niati obadah.
Nayandang mangan mapan tapi ojo utangan.
Najan urip nang kontrakan penting rukun karo lingkungan.
Ojo adi gung adi guna nang sepodo podo.
Mengko nek golek utanga terus nembung sopo.


































